Purwaning Dumadi 40:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita sawuse lelakon mau, lurah pangunjukan lan lurah dhaharane Sang Raja ing Mesir padha keluputan marang gustine, yaiku raja ing Mesir mau.

2. Temah banget dukane Sang Prabu Pringon marang punggawane kadhaton mau, marang lurah pangunjukan lan lurah dhaharan iku.

3. Sakarone padha ditahan ana ing daleme panggedhe prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonane Yusuf katahan.

4. Panggedhe prajurit mau banjur matah Yusuf ngladeni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggone katahan nganti sawatara suwene.

5. Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda.

6. Nalika esuke Yusuf teka mrono, banjur sumurup yen sakarone lagi padha sedhih atine.

7. Yusuf banjur takon marang punggawane Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dheweke ana ing daleme bendarane iku, ature: “Kenging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?”

8. Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah” Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”

Purwaning Dumadi 40