16. Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane.
17. Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.
18. Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.”
19. Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.
20. Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.