13. Bareng bendarane putri mirsa yen klambine Yusuf ditinggal ana ing astane sarta wonge wus lumayu metu,
14. tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.
15. Bareng krungu aku mbengok seru banget, klambine ditinggal ana ing kene banjur enggal-enggal lumayu metu.”
16. Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane.
17. Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.
18. Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.”
19. Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.