1. Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono.
2. Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.
3. Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,
4. temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.