Purwaning Dumadi 37:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.”

8. Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.

9. Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape: “Lah aku ngimpi maneh: Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.”

10. Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”

11. Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.

12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.

13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”

14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.

15. Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”

Purwaning Dumadi 37