7. Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.”
8. Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.
9. Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape: “Lah aku ngimpi maneh: Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.”
10. Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”
11. Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.
12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.
13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”
14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.