Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir.