12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.
13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”
14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.
15. Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”
16. Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”
17. Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.
18. Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf.
19. Anggone guneman mangkene: “Lah kae delengen, si juru ngimpi kita teka!
20. Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.”
21. Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape: “Aja nganti kita pateni ta!”
22. Pituture Ruben: “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama.