5. Sarta Oholibama anak-anak Yeusy, Yaelam lan Korakh. Iya iku para anake Esap kang laire ana ing tanah Kanaan.
6. Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine.
7. Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.
8. Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.
9. Iki turune Esap, leluhure bangsa Edom ana ing pegunungan Seir.
10. Iki jenenge para anake Esap: Elifas, anake Ada, somahe Esap, Rehuel anake Basmat somahe Esap.
11. Anake Elifas yaiku: Teman, Omar, Zefo, Gaetam lan Kenas.
12. Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.