10. Pangandikane Gusti Allah marang Yakub mangkene: “Jenengira Yakub, wiwit saiki sira wus aja jeneng Yakub maneh, nanging Israel, iku dadia jenengira.” Mangkono anggone Gusti Allah netepake jenenge Israel.
11. Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.
12. Karodene tanah kang wus Sunparingake marang Abraham lan marang Iskak, iku Sunparingake marang sira lan marang turunira.”
13. Gusti Allah banjur sumengka nilar Yakub mengker saka panggonan anggone mentas mangandikani mau.
14. Yakub tumuli ngedegake tugu ana ing panggonan kono yaiku tugu watu lan nyaosake kurban unjukan sarta ngesokake lenga ing sadhuwure watu mau.
15. Anadene panggonan anggone dipangandikani Gusti Allah mau dijenengake Yakub: “Betel”.
16. Sawuse mangkono tumuli padha budhal saka Betel. Bareng lakune tekan ing sacedhake Efrata, Rakhel nglairake jabang bayi, dene anggone duwe anak iku rekasa banget.
17. Kacarita bareng anggone duwe anak nganti rekasa mangkono iku, dhukune bayi banjur matur: “Sampeyan sampun kuwatos, awitdene sampeyan inggih badhe gadhah anak jaler malih.”
18. Nalika ndungkap ajal -- amarga wekasane tinggal donya -- anake mau dijenengake Ben-Oni, nanging bapakne njenengake Benyamin.
19. Mangkono anggone Rakhel tinggal donya, banjur kakubur ana sapinggiring dalan kang anjog ing Efrata, yaiku Betlehem.
20. Yakub ngadegake tugu ing kuburane, iya iku tengerane kuburane Rakhel nganti saprene.
21. Sawuse iku Israel tumuli budhal sarta nancebake tarube ana ing sabrange Migdal-Eder.
22a. Nalika Israel lereb ana ing kono, kelakon Ruben amor turu karo Bilha, selire bapakne, mangka prakara iku keprungu Israel.