3. Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.
4. Banjur matur marang kang rama Sang Prabu Hemor, ature: “Lare estri punika panjenengan dalem pundhut dadosa semah kawula.”
5. Anadene Yakub wus krungu yen Dina anake iku wus dirusuhi Sang Sikhem. Nanging anake lanang mbeneri lagi padha ngreksa raja-kayane ana ing ara-ara, dadine Yakub meneng bae ngenteni saulihe.
6. Sang Prabu Hemor ramane Sang Sikhem, tumuli miyos manggihi Yakub karsa rerembagan.
7. Nalika iku anak-anake Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atine sarta nepsu banget, marga Sang Sikhem wus nindakake pratingkah nistha tumrape wong Israel, marga ngrodapeksa marang anake wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut.
8. Sang Prabu Hemor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anake: “Anak kula Sikhem punika sanget anggenipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados semahipun,
9. sarta sumangga sami bebesanan, ingkang putra putri sami kaparingna dhateng kula, saha anak-anak kula estri panjenengan pundhut mantu.
10. Kula aturi dedalem sesarengan kaliyan kula, sawontenipun tanah kula sumanggakaken, kula aturi dedalem ing ngriki, kula aturi ndlajahi nagari punika kanthi merdika, saha kula aturi tetep dedalem wonten ngriki.”
11. Sang Sikhem banjur ngandika marang bapakne lan para sadulure Dina: “Kula mugi angsala sih wonten ngarsa panjenengan, kula badhe ngaturaken punapa ingkang panjenengan pundhut.
12. Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”
13. Anak-anake Yakub banjur matur marang Sang Sikhem lan Sang Prabu Hemor nganggo dijlomprongake, marga Dina sadulure wus dirusuhi Sang Sikhem,
14. ature mangkene: “Kawula sami boten saged nglampahi ingkang kados makaten punika, dene ngulungaken adhi estri dhateng priya ingkang boten supit, margi punika satunggaling kanisthan tumrap kawula sadaya.
15. Namung kemawon kawula inggih kedugi minangkani pamundhut dalem, anggeripun panjenengan dalem sami nglampahi kados kawula makaten, inggih punika: sadaya tiyang jaler panunggilan dalem samia dipun supiti.
16. Manawi sampun makaten, anak-anak kawula estri badhe kawula aturaken dhateng bangsa dalem, sarta kawula sami badhe mendhet anak-anakipun estri bangsa dalem; kawula badhe manggen tunggil kaliyan panjenengan dalem, sami dados bangsa satunggal.