Purwaning Dumadi 34:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina Dina anake wadon Lea patutan saka Yakub niliki bocah-bocah wadon ing nagara kono.

2. Bareng kapirsan Sang Sikhem putrane Sang Prabu Hemor, wong agung Hewi, raja negara kono, tumuli diplajengake lan ditunggil sare nganggo dirodapeksa.

3. Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.

4. Banjur matur marang kang rama Sang Prabu Hemor, ature: “Lare estri punika panjenengan dalem pundhut dadosa semah kawula.”

5. Anadene Yakub wus krungu yen Dina anake iku wus dirusuhi Sang Sikhem. Nanging anake lanang mbeneri lagi padha ngreksa raja-kayane ana ing ara-ara, dadine Yakub meneng bae ngenteni saulihe.

6. Sang Prabu Hemor ramane Sang Sikhem, tumuli miyos manggihi Yakub karsa rerembagan.

7. Nalika iku anak-anake Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atine sarta nepsu banget, marga Sang Sikhem wus nindakake pratingkah nistha tumrape wong Israel, marga ngrodapeksa marang anake wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut.

8. Sang Prabu Hemor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anake: “Anak kula Sikhem punika sanget anggenipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados semahipun,

9. sarta sumangga sami bebesanan, ingkang putra putri sami kaparingna dhateng kula, saha anak-anak kula estri panjenengan pundhut mantu.

10. Kula aturi dedalem sesarengan kaliyan kula, sawontenipun tanah kula sumanggakaken, kula aturi dedalem ing ngriki, kula aturi ndlajahi nagari punika kanthi merdika, saha kula aturi tetep dedalem wonten ngriki.”

11. Sang Sikhem banjur ngandika marang bapakne lan para sadulure Dina: “Kula mugi angsala sih wonten ngarsa panjenengan, kula badhe ngaturaken punapa ingkang panjenengan pundhut.

12. Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”

13. Anak-anake Yakub banjur matur marang Sang Sikhem lan Sang Prabu Hemor nganggo dijlomprongake, marga Dina sadulure wus dirusuhi Sang Sikhem,

Purwaning Dumadi 34