24. Mung Yakub kang kari dhewe. Dumadakan ana priya kang nggelut Yakub nganti tumeka bangun raina.
25. Bareng priya mau rumaos ora bisa ngalahake, tumuli mupuh cethike Yakub, temahan cethike kongsul sajrone gelut mau.
26. Priya mau banjur ngandika: “Wis, eculna aku, awit wus bangun raina!” Ature Yakub: “Paduka boten badhe kawula eculaken, manawi dereng maringi berkah dhateng kawula.”
27. Pandangune priya mau: “Jenengira sapa?” Unjuke: “Yakub.”
28. Priya iku ngandika maneh: “Jenengira sabanjure wus aja kasebut Yakub maneh, nanging Israel, mulane mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”
29. Yakub banjur matur: “Paduka inggih kawula aturi nyebataken ingkang asma.” Nanging pangandikane: “Yagene sira ndadak takon asmaningSun?” Yakub banjur diparingi berkah ana ing kono.
30. Panggonan kono mau dijenengake Yakub Pniel, ujare: “Aku wus ndeleng Allah adu arep, nanging nyawaku kapitulungan.”
31. Nalika Yakub wus ngliwati Pniel, srengengene mlethek; anadene lakune pincang, marga cethike kongsul.
32. Yaiku mula bukane wong Israel nganti saiki ora mangan daging kang nutupi cethik, marga Panjenengane wus mupuh cethike Yakub, ing ototing cethike.