Purwaning Dumadi 31:46-49 Kitab Sutji (JAV)

46. Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.

47. Pak Laban anggone ngarani tumpukan watu mau: Yegar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galed.

48. Pangucape Pak Laban: “Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarane aku lan kowe ing dina iki.” Mulane tumpukan iku diarani Galed.

49. Lan uga kasebut: Mispah, marga pangucape: “Sang Yehuwah muga nguningani aku lan kowe, samangsa kita wus padha pepisahan.

Purwaning Dumadi 31