Purwaning Dumadi 30:31-37 Kitab Sutji (JAV)

31. Wangsulane Pak Laban: “Apa sing dadi panjalukmu marang aku?” Ature Yakub: “Panjenengan boten sisah maringi punapa-punapa dhateng kula, kula sagah ngengen saha rumeksa menda panjenengan sadaya malih, manawi panjenengan marengaken ingkang dados atur kula punika:

32. Dinten punika kula badhe ngideri pepanthaning menda panjenengan sadaya, misahaken sadhengah menda ingkang tutul-tutul lan belang-belang; menda gembel ingkang cemeng, saha ingkang belang utawi tutul, punika dadosa gadhahan kula.

33. Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”

34. Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”

35. Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.

36. Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.

37. Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.

Purwaning Dumadi 30