16. Bareng wayah sore saulihe Yakub saka ing pategalan, banjur dipapag Lea karo matur: “Sampeyan dalu punika kedah tilem wonten ing panggenan kula, amargi sampeyan sampun kula sewa mawi woh dhudhaim gadhahanipun anak kula.” Dadine bengi iku Yakub turu karo Lea.
17. Anadene Gusti Allah nyembadani panyuwune Lea, temah ngandhut sarta nglairake anak lanang kalima patutan karo Yakub.
18. Lea tumuli celathu: “Aku wus diparingi ganjaran dening Gusti Allah, marga aku wis ngaturake rewangku wadon marang bojoku.” Anake iku dijenengake Isakhar.
19. Lea tumuli ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang kanem patutan saka Yakub.
20. Lea banjur ngucap: “Gusti Allah wus maringi ganjaran kang endah marang aku, saiki bojoku bakal tetep manggon tetunggalan karo aku, marga wus dakolehake anak lanang nganti nenem.” Anake mau dijenengake Zebulon.
21. Sawuse iku Lea nglairake anak wadon lan dijenengake Dina.
22. Gusti Allah iya banjur ngengeti Rakhel; panyuwune disembadani lan dening Gusti Allah dibikak guwa-garbane,
23. temah ngandhut lan nglairake anak lanang, celathune: “Gusti Allah wus ngilangake kanisthanku.”
24. Anake banjur dijenengake Yusuf, pangucape: “Muga-muga Gusti Allah karsa mewahi anak lanang siji engkas marang aku.”