11. Lea tumuli ngucap: “Begja!” Mulane bocahe dijenengake Gad.
12. Sawuse mangkono Zilpa bature wadon Lea nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.
13. Pangucape Lea: “Aku iki rahayu, saben wong wadon mesthi ngarani aku rahayu.” Anake nuli dijenengake: Asyer.
14. Nuju sawijining dina nalika mbeneri mangsa panen gandum Ruben dolan-dolan, banjur nemu woh dhudhaim ana ing pategalan, diaturake marang Lea ibune; Rakhel nuli tutur marang Lea: “Aku bok kokwenehi woh dhudhaim duweke anakmu iku!”
15. Pangucape Lea marang Rakhel: “Apa durung cukup anggonmu ngebeki bojoku? Wuwuh-wuwuh saiki arep ngepek woh dhudhaim duweke anakku?” Pangucape Rakhel: “Manawa mangkono bengi iki bapakne kareben turu karo kowe minangka ijole woh dhudhaim duweke anakmu!”
16. Bareng wayah sore saulihe Yakub saka ing pategalan, banjur dipapag Lea karo matur: “Sampeyan dalu punika kedah tilem wonten ing panggenan kula, amargi sampeyan sampun kula sewa mawi woh dhudhaim gadhahanipun anak kula.” Dadine bengi iku Yakub turu karo Lea.