Purwaning Dumadi 30:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Rakhel bareng rumangsa yen ora patutan karo Yakub, banjur meri marang mbakyune sarta matur marang Yakub: “Bok kula sampeyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.”

2. Ing kono Yakub tuwuh nepsune marang Rakhel, pangucape: “Apa aku sesulihe Gusti Allah, kang ora marengake kowe ngandhut?”

3. Ature Rakhel: “Lah punika Bilha rencang kula estri, sampeyan celaki, supados nglairaken anak ing pangkon kula, supados ngangsalaken turun dhateng kula.”

4. Bilha bature mau banjur diaturake Yakub supaya dadi somahe, iya kelakon dicedhaki.

5. Bilha banjur ngandhut sarta duwe anak lanang patutan saka Yakub.

6. Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.

7. Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.

8. Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.

9. Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.

10. Lan Zilpa bature wadon Lea mau iya nglairake anak lanang patutan karo Yakub.

11. Lea tumuli ngucap: “Begja!” Mulane bocahe dijenengake Gad.

12. Sawuse mangkono Zilpa bature wadon Lea nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.

Purwaning Dumadi 30