9. Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”
10. Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”
11. Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”
12. Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”
13. Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”
14. Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.
15. Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”
16. Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”