Purwaning Dumadi 3:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”

14. Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.

15. Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”

16. Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”

17. Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.

18. Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.

19. Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”

Purwaning Dumadi 3