Purwaning Dumadi 29:32-35 Kitab Sutji (JAV)

32. Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”

33. Banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Pangeran Yehuwah mirsa yen aku ora ditresnani, mulane aku diparingi anak maneh.” Bocahe dijenengake: Simeon.

34. Sawuse mangkono banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Saiki bojoku bakal luwih cedhak marang aku, marga aku wus nglairake anak lanang nganti telu.” Mulane anake dijenengake: Lewi.

35. Wasana ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Sapisan iki aku bakal saos sukur marang Pangeran Yehuwah.” Mulane anake dijenengake: Yehuda. Sawuse iku kandheg anggone nglairake anak.

Purwaning Dumadi 29