Purwaning Dumadi 29:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Bareng Pak Laban krungu kabar yen Yakub iku anake sadulure, tumuli lumayu methukake, Yakub dirangkul lan diambung banjur diajak lumebu ing omahe. Yakub tumuli nyaritakake lelakone kabeh marang Laban.

14. pangucape Pak Laban: “Satemene kowe iku isih kulit dagingku dhewe.” Yakub anggone manggon ing omahe Laban wus ganep sasasi.

15. Sawuse iku Laban tutur marang Yakub: “Apa dupeh kowe iku isih sanak karo aku, anggonmu nyambut gawe ana ing kene iki tanpa bayaran? Bok tutura aku, kowe njaluk opah apa?”

16. Anadene Pak Laban mau duwe anak wadon loro, kang tuwa jenenge Lea lan kang nom jenenge Rakhel.

17. Lea iku mripate ora bening, nanging Rakhel iku tandang-tanduke luwes lan ayu rupane.

18. Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”

19. Wangsulane Pak Laban: “Pancen luwih becik dakwenehake kowe tinimbang karo dakwenehake wong liya, tetepa melu aku!”

20. Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.

21. Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”

Purwaning Dumadi 29