Purwaning Dumadi 29:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Yakub mbanjurake lakune menyang ing tanahe bangsa Wetanan.

2. Nalika mulat ing sakiwa-tengene, nuli weruh ana sumur ing ara-ara, sarta ana wedhus telung pantha padha njerum ana ing sacedhake sumur mau, marga sumur iku panggonane wong padha ngombekake pepanthaning wedhuse, anadene watu tutuping sumur iku gedhe,

3. dadine samangsa sakehe pepanthan wedhus wus digiring nglumpuk mrono, pangon-pangone tumuli ngglundhungake watune saka ing cangkeme sumur, lan wedhuse diombeni, sawuse mangkono watune banjur dibalekake maneh kaya maune.

4. Yakub banjur ngaruh-aruhi wong-wong mau: “Para sadherek, sampeyan niku sami saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika sami saking Haran.”

5. Yakub nakoni maneh: “Napa sampeyan wanuh kalih Pak Laban, wayahe Embah Nahor?” Wangsulane: “Inggih tepang.”

6. Nuli padha ditakoni maneh: “Napa taksih sami wilujeng?” Wangsulane: “Inggih wilujeng, lah punika Rakhel putranipun estri, saweg dhateng nggiring mendanipun.”

7. Pangucape Yakub: “Lah niki rak taksih awan, dereng wayahe nggiring ta? Bok wedhuse sami diombekake, lajeng sami angon malih!”

8. Nanging wangsulane kang padha angon: “Kula sami boten saged tumindak makaten manawi panthanipun dereng sami nglempak sadaya; selanipun lajeng saweg dipun glimpangaken saking cangkemipun sumur, sarta mendanipun lajeng sami kula ombeni.”

9. Sajrone isih guneman karo wong-wong iku, Rakhel tumuli teka nggiring wedhuse bapakne, marga dheweke kang dadi pangone.

10. Kacarita bareng Yakub ndeleng Rakhel, anake Laban sadulure ibune, lan wedhus-wedhuse, Yakub banjur nyedhaki lan nyingkirake watune saka ing cangkem sumur, sarta ngombeni wedhuse Pak Laban sadulure ibune.

11. Sawuse mangkono Yakub tumuli ngambung Rakhel lan nangis seru.

12. Yakub banjur nyaritakake yen isih keprenah ponakane bapakne, anake Bu Ribkah. Rakhel banjur lumayu aweh weruh marang bapakne.

13. Bareng Pak Laban krungu kabar yen Yakub iku anake sadulure, tumuli lumayu methukake, Yakub dirangkul lan diambung banjur diajak lumebu ing omahe. Yakub tumuli nyaritakake lelakone kabeh marang Laban.

Purwaning Dumadi 29