Purwaning Dumadi 28:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Rama Iskak banjur nimbali Yakub, diberkahi sarta diweling, dhawuhe: “Kowe aja golek sisihan bocah wadon Kanaan.

2. Tata-tataa, mangkata menyang tanah Padan-Aram, ing daleme Rama Betuel, ramane ibumu, lan goleka sisihan ana ing kana, panunggalane anake Laban sadulure ibumu.

3. Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.

4. Muga kowe diparingana berkah kang kanggo Rama Abraham, iya kowe dalah turunmu, temah kowe bisa nduweni tanah iki, iya kang kokenggoni kayadene wong neneka, kang wus diparingake Gusti Allah marang Rama Abraham.”

Purwaning Dumadi 28