Purwaning Dumadi 26:29-35 Kitab Sutji (JAV)

29. Sampun ngantos panjenengan nandukaken piawon dhateng kula, kadosdene anggen kula inggih sami boten ngganggu damel dhateng panjenengan, malah kula tansah nandukaken kasaenan dhateng panjenengan, panjenengan kula lilani tindak kalayan tentrem; sapunika rak panjenengan ingkang kaberkahan dening Sang Yehuwah!”

30. Tamune banjur padha diaturi pasugatan, sarta tumuli padha dhahar lan ngunjuk.

31. Esuke isih umun-umun banjur padha supaosan. Sawuse mangkono Rama Iskak ngutapake tamune kondur banjur padha bidhal nilar panjenengane klawan becik.

32. Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”

33. Sumur iku tumuli diparingi jeneng: Syeba, mulane nagara kono ketelah aran Bersyeba nganti saiki.

34. Nalika Esap umur patang puluh taun banjur rabi oleh Yudhit, anake Beeri, wong Het, lan Basmat anake Elon uga wong Het.

35. Wong loro iku ndadekake sekeling galihe Rama Iskak lan Ibu Ribkah.

Purwaning Dumadi 26