Purwaning Dumadi 26:23-32 Kitab Sutji (JAV)

23. Saka ing kono Rama Iskak tindak menyang ing Bersyeba.

24. Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”

25. Sawuse mangkono Rama Iskak tumuli ngadegake misbyah sarta memuji asmane Sang Yehuwah. Iya ana ing kono anggone nancebake tarube lan para abdine banjur padha ndhudhuk sumur.

26. Kacarita Sang Prabu Abimelekh rawuh saka Gerar martuwi kadherekake Ahuzat mitrane lan Pikhol senapatine.

27. Rama Iskak tumuli matur: “Punapaa panjenengan sami rawuh manggihi kula, panjenengan rak sami sengit dhateng kula ta, malah sampun sami panjenengan tundhung saking wewengkon panjenengan?”

28. Pangandikane para tamune: “Kula sampun sami nyumerepi piyambak, bilih Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan, milanipun kula sami rerembagan: Prayogi manawi kita sami supaosan, ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, prayoginipun kula sami damel prajanjian kaliyan panjenengan.

29. Sampun ngantos panjenengan nandukaken piawon dhateng kula, kadosdene anggen kula inggih sami boten ngganggu damel dhateng panjenengan, malah kula tansah nandukaken kasaenan dhateng panjenengan, panjenengan kula lilani tindak kalayan tentrem; sapunika rak panjenengan ingkang kaberkahan dening Sang Yehuwah!”

30. Tamune banjur padha diaturi pasugatan, sarta tumuli padha dhahar lan ngunjuk.

31. Esuke isih umun-umun banjur padha supaosan. Sawuse mangkono Rama Iskak ngutapake tamune kondur banjur padha bidhal nilar panjenengane klawan becik.

32. Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”

Purwaning Dumadi 26