Purwaning Dumadi 25:31-34 Kitab Sutji (JAV)

31. Nanging Yakub mangsuli: “Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!”

32. Wangsulane Esap: “Lah sadhela engkas aku bakal mati, apa kanggone duwe wewenang pembarep iku?”

33. Pangucape Yakub: “Sumpaha marang aku dhisik!” Esap banjur sumpah, lan wewenange pembarep diedol marang Yakub.

34. Yakub tumuli menehi roti lan mangsakan kacang abang marang Esap; sarta banjur mangan lan ngombe, sawuse tumuli maknyat lunga. Mangkono anggone Esap ngremehake wewenanging pembarep.

Purwaning Dumadi 25