16. Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.
17. Anadene yuswane Rama Ismael iku: satus telung puluh pitu taun, banjur seda, kaklempakake karo para leluhure.
18. Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.
19. Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.
20. Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.
21. Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
22. Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.
23. Sang Yehuwah banjur mangandikani: “Bangsa loro kang ana ing kandhutanira, suku bangsa loro bakal padha pepisahan wiwit saka ing guwa-garbane; kang siji bakal luwih kuwat tinimbang sijine lan kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.”
24. Bareng tumeka ing leke bakal mbabar, pancen kembar bobotane;
25. kang miyos dhisik katon wulune abang, srirane sakojur kaya kabuntel ing wulu, mulane diparingi asma Esap.
26. Sawuse mangkono rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub. Rama Iskak yuswane sawidak taun nalika peputra loro mau.
27. Putra loro mau saya gedhe: Esap dadi wong kang pinter mbebedhag, ambah-ambahane ing ara-ara, nanging Yakub iku wong kang jatmika pambekane, kang jenjem ana ing tarub.
28. Anadene Rama Iskak iku asih marang Esap, marga remen dhahar daging kewan bedhagan, nanging Ibu Ribkah ngasihi Yakub.