11. Sasedane Rama Abraham Gusti Allah mberkahi marang kang putra Iskak, dene anggone dedalem Rama Iskak iku ana ing sacedhake belik Lakhai-Roi.
12. Iki tedhak-turune Rama Ismael putrane Rama Abraham, kang lair saka Ibu Hagar wong Mesir, abdine Ibu Sara, patutan karo Rama Abraham.
13. Iki pratelane jenenge para putrane Rama Ismael, disebutake miturut urut-urutane laire: pambajenge Rama Ismael iku Nebayot, nuli Kedar, Adbeel, Mibsam,
14. Misyma, Duma, Masa,
15. Hadad, Tema, Yetur, Nafisy lan Kedma.
16. Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.
17. Anadene yuswane Rama Ismael iku: satus telung puluh pitu taun, banjur seda, kaklempakake karo para leluhure.
18. Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.
19. Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.
20. Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.
21. Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
22. Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.
23. Sang Yehuwah banjur mangandikani: “Bangsa loro kang ana ing kandhutanira, suku bangsa loro bakal padha pepisahan wiwit saka ing guwa-garbane; kang siji bakal luwih kuwat tinimbang sijine lan kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.”
24. Bareng tumeka ing leke bakal mbabar, pancen kembar bobotane;
25. kang miyos dhisik katon wulune abang, srirane sakojur kaya kabuntel ing wulu, mulane diparingi asma Esap.
26. Sawuse mangkono rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub. Rama Iskak yuswane sawidak taun nalika peputra loro mau.