Purwaning Dumadi 24:52-63 Kitab Sutji (JAV)

52. Kacarita bareng abdine Rama Abraham krungu tembung mangkono mau, tumuli sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarsane Sang Yehuwah;

53. abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.

54. Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono.Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”

55. Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”

56. Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”

57. Wangsulane: “Saenipun gendhuk dipun undang saha dipun takeni piyambak.”

58. Ribkah tumuli diundang sarta ditari: “Kowe apa gelem melu tamu iki?” Wangsulane: “Inggih, kula purun.”

59. Ing kono Ribkah sadulure banjur dililani budhal karo inyane bareng karo abdine Rama Abraham dalah kanthine.

60. Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”

61. Ribkah karo para bature wadon banjur tata-tata tumuli padha budhalan, padha nunggang unta, ngetutake si abdi. Mangkono si abdi anggone nggawa Ribkah lan banjur mangkat.

62. Anadene Rama Iskak mentas rawuh saka ing belik Lakhai-Roi, amarga dedalem ana ing Tanah Negeb.

63. Nalika Rama Iskak panuju ameng-ameng ana ing ara-ara mbeneri ing wayah lingsir kulon, bareng mulat, ningali ana unta-unta teka.

Purwaning Dumadi 24