Purwaning Dumadi 24:42-48 Kitab Sutji (JAV)

42. Wondene sareng lampah kula ing dinten punika dumugi sacelaking belik, kula lajeng munjuk: Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, Paduka mugi karsaa damel supados anggen kawula kekesahan punika angsal damel.

43. Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,

44. mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.

45. Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!

46. Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.

47. Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.

48. Kula lajeng jengkeng saha tumungkul sujud wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah saha ngluhuraken Sang Yehuwah Gusti Allahipun bendara kula Abraham, ingkang sampun ngirid lampah kula wonten ing margi ingkang leres, supados kula saged mendhet anakipun estri sadherekipun bendara kula punika kangge putranipun.

Purwaning Dumadi 24