13. sarta ngandika marang Efron karungu dening wong-wong mau: “Manawi sami dhangan, mugi atur kula punika kapiyarsakna! Kula badhe ngaturaken arta pangaosipun pasiten, mugi karsaa nampeni, ingkang tilar donya lajeng badhe kula patak wonten ing ngriku.”
14. Efron banjur mangsuli marang Rama Abraham, ature:
15. “Ah, bendara! Kula aturi miyarsakaken atur kula: pasiten ingkang namung pangaos sekawan atus sekel selaka punika, rak sanes punapa-punapa tumrap kita. Bok ingkang seda tumunten panjenengan sarekaken kemawon.”
16. Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron, sarta Efron dibobotake dhuwit pangajine lemah kaya kang dipratelakake lan dirungu dening wong-wong bani Het mau, patang atus sekel selaka kang laku tumrape dagang.