1. Kacarita sawuse lelakon mau Gusti Allah karsa nyobi marang Rama Abraham. Pangandikane mangkene: “Abraham.” Unjuk wangsulane Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula.”
2. Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.”
3. Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah.