Purwaning Dumadi 21:9-11 Kitab Sutji (JAV)

9. Nalika iku Ibu Sara mirsa putrane Ibu Hagar wong Mesir patutan karo Rama Abraham moyoki marang Iskak,

10. banjur matur marang Rama Abraham: “Rencang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipun rencang tumbasan punika boten badhe tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.”

11. Atur mangkono iku ndadekake renguning galihe Rama Abraham, marga saka kang putra.

Purwaning Dumadi 21