Purwaning Dumadi 2:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.

2. Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.

3. Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.

4. Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake.Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --

Purwaning Dumadi 2