32. Payo, bapak diaturi ngunjuk anggur, nuli padha ngewori turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak.”
33. Ing bengi iku bapakne diaturi ngunjuk anggur, anak kang tuwa banjur mlebu lan awor turu karo bapakne, Lut ora sumurup apa-apa, nalika anake nusul lan nalika tangine.
34. Esuke kang tuwa ngucap marang kang enom, tembunge: “Mau bengi aku wis kelakon awor turu karo bapak; mengko bengi padha diaturi ngunjuk anggur maneh, kowe genten nusula awor turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak kita.”
35. Kelakon bareng bengi bapakne iya padha diaturi ngunjuk anggur maneh. Kang enom nuli nusul awor turu, dene Lut ora sumurup apa-apa, dadia anggone anake nusul utawa anggone tangi.
36. Anake Lut sakarone tumuli padha ngandhut saka bapakne.