Purwaning Dumadi 19:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wayah sore malaekat loro mau padha rawuh ing Sodom, Lut mbeneri linggihan ana ing gapurane Sodom; bareng Lut weruh malaekat mau, banjur methukake lan sumungkem ing bumi,

2. ature: “Dhuh bendara, panjenengan kula aturi rawuh ing griyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyare saha wijik sampeyan, benjing-enjing kula aturi nglajengaken tindak.” Pangandikane malaekat: “Ora, aku arep padha nginep ana ing alun-alun bae.”

3. Nanging Lut banget anggone ngrerepa, satemah padha nuruti lan lumebet ing omahe, banjur disegah roti tanpa ragi, tumuli dhahar.

4. Kacarita sadurunge mapan sare, lah wong-wong lanang ing nagara kono, para wong lanang ing Sodom, padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom nganti kang tuwa, malah sakutha kabeh kerig-lampit ora ana kang keri,

5. banjur padha celuk-celuk marang Lut, tembunge: “Ana ing ngendi wong lanang kang merdhayoh ana ing omahmu bengi iki? Wetokna mrene! Arep padha dakjamah.”

6. Lut tumuli metu nemoni wong-wong mau ana ing sangarepe lawang, sarta lawange diinebake,

7. celathune: “Dhuh para sadherek, bok sampun sami nindakaken resah kados makaten ta!

8. Lah ta, kula gadhah anak estri kalih, sadaya taksih sami prawan, punika badhe kula wedalaken, sumangga sampeyan damel sapikajeng sampeyan! Nanging tiyang-tiyang punika sampun sampeyan ganggu-damel, margi sampun sami ngaub ing pondhok kula.”

Purwaning Dumadi 19