Purwaning Dumadi 18:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Rama Abraham tumuli enggal-enggal menyang tarube nemoni Ibu Sara, sarta ngandika: “Dienggal njupuka glepung alus telung taker, endang uleten gawenen roti bunder!”

7. Rama Abraham banjur rerikatan murugi sapine, nuli mundhut pedhet kang empuk lan becik daginge, nuli ditampakake marang abdine, sarta iku enggal-enggal tumandang ngolah.

8. Sawuse iku mundhut mertega lan susu, karo pedhet kang wus didhawuhake ngolah mau, diladosake marang tamune. Rama Abraham ngadhep tamune ana sangisore wit kono nalika tamune padha dhahar.

9. Tamune tumuli ngandika: “Sara somahira ana ing ngendi?” Unjuke Rama Abraham: “Wonten ing lebet tarub.”

10. Pangandikane Sang Yehuwah: “Satemene setaun engkas Ingsun bakal rawuh mrene maneh, lah ing kono Sara somahira bakal duwe anak lanang.” Pangandika mau kepireng dening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburine para tamu.

Purwaning Dumadi 18