12. Mulane Ibu Sara gumujeng sajroning galih, pangunandikane: “Aku wus tuwa mangkene apa isih duwe papenginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepung mangkono?”
13. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: “Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak, wong aku wus tuwa mangkene?
14. Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”
15. Ibu Sara selak, unjuke: “Kawula boten gumujeng.” Enggone munjuk mangkono iku marga wedi. Ewadene pangandikane Sang Yehuwah: “Ora, sira mau pancen gumuyu!”
16. Sawuse mangkono para priya mau banjur padha tedhak saka ing kono, tindake ngener tanah Sodom; Rama Abraham ndherek sumedya nguntapake.
17. Sang Yehuwah ngunandika: “Apa iya Abraham ora Sunparingi weruh apa kang bakal Suntindakake?
18. Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhe lan kawasa, lan sakehe para bangsa ing bumi bakal pada kaberkahan marga saka Abraham?
19. Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”
20. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ana alok kang rame bab tanah Sodom lan Gomora, yen luwih dening gedhe durakane.
21. Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Ingsun apa ora?”
22. Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.