Purwaning Dumadi 18:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Pangandikane Sang Yehuwah: “Satemene setaun engkas Ingsun bakal rawuh mrene maneh, lah ing kono Sara somahira bakal duwe anak lanang.” Pangandika mau kepireng dening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburine para tamu.

11. Anadene Ibu Sara lan Rama Abraham wus sepuh lan akeh yuswane, Ibu Sara wus ora ngalami kaya salumrahe wong wadon.

12. Mulane Ibu Sara gumujeng sajroning galih, pangunandikane: “Aku wus tuwa mangkene apa isih duwe papenginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepung mangkono?”

13. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: “Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak, wong aku wus tuwa mangkene?

14. Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”

15. Ibu Sara selak, unjuke: “Kawula boten gumujeng.” Enggone munjuk mangkono iku marga wedi. Ewadene pangandikane Sang Yehuwah: “Ora, sira mau pancen gumuyu!”

Purwaning Dumadi 18