Purwaning Dumadi 14:23-24 Kitab Sutji (JAV)

23. bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.

24. Manawi kula sampun ngantos pisan-pisan! Namung punapa ingkang sampun dipun tedha dening para rencang saha pandumanipun ingkang sami mbiyantu panglurug kula, inggih punika Aner, Eskol kaliyan Mamre, kajengipun mendhet bageanipun piyambak-piyambak.”

Purwaning Dumadi 14