11. Sabarang darbeke wong Sodom lan Gomora tumuli padha dijarah-rayah dening mungsuh dalah tandhone pangan, banjur padha bali.
12. Lut kaponakane Rama Abram dalah sabarang duweke iya katut kabandhang, marga manggon ana ing Sodom.
13. Nuli ana sawijining wong kang keplayu ngaturi uninga marang Rama Abram wong Ibrani, kang dedalem cedhak karo alas tarbantin ing wewengkone Mamre, wong Amori sadulure Eskol lan Aner kang padha mbiyantu Rama Abram.
14. Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.