Purwaning Dumadi 13:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. ing panggonane misbyah kang diyasa maune ana ing kono, sarta Rama Abram banjur memuji ngluhurake asmane Sang Yehuwah.

5. Lut kang ndherekake tindake Rama Abram mau iya duwe wedhus, sapi lan tarub,

6. mangka tanah ing kono kurang kobet dienggoni bebarengan, marga raja-darbeke akeh banget, temahan padha ora bisa nunggal sapanggonan;

7. mulane pangone Rama Abram karo pangone Lut padha grejegan. Tanah kono nalika iku dienggoni bangsa Kanaan lan Feris.

Purwaning Dumadi 13