Purwaning Dumadi 12:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira.

2. Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.

3. Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”

4. Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.

5. Dadine Rama Abram mboyongi kang garwa Sarai lan Lut kaponakane apadene sabarang kagungane sarta para abdi tumbasan saka ing Haran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan, lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan.

Purwaning Dumadi 12