6. sarta pangandikane Sang Yehuwah: “Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.
7. Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”
8. Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.
9. Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.
10. Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.
11. Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
12. Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.