Purwaning Dumadi 10:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. Turune Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

7. Turune Kusy: Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; lan turune Raema: Syeba lan Dedan.

8. Kusy anak-anak Nimrod; iku wong kang miwiti duwe pangwasa ana ing bumi;

9. dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: “Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

10. Karajane kang wiwitan yaiku Babil, Erekh, Akad lan Kalne ing tanah Sinear.

11. Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lan Kalakh,

12. apadene Resen ana ing antarane Ninewe lan Kalakh, iku kutha kang gedhe.

13. Misraim nurunake bangsa Ludim, bangsa Anamim, bangsa Lehabim, bangsa Naftukhim,

14. bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsa Filisti.

15. Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,

16. apadene bangsa Yebusi, bangsa Amori, bangsa Girgasi,

17. bangsa Hewi, bangsa Arki lan bangsa Sini,

18. bangsa Arwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati. Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.

19. Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.

20. Iku mau turune Kham, pamanggone mawa-mawa golongane, basane, tanahe lan bangsane.

21. Sem, leluhure bani Eber, sadulure tuwa Yafet, iku iya duwe anak.

22. Tedhak-turune Sem yaiku: Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram.

Purwaning Dumadi 10