13. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.
14. Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.
15. Karomaneh padha dadia pepadhang ana ing pepenthengan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono.
16. Gusti Allah yasa pepadhang gedhe loro, kang gedhe dhewe supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang.
17. Iku kabeh padha diprenahake dening Gusti Allah ana ing pepenthengan supaya madhangi bumi,
18. lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomaneh kanggo misahake padhang lan peteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
19. Kaya mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping papat.