Para Hakim 9:55-57 Kitab Sutji (JAV)

55. Bareng wong Israel padha weruh yen Sang Abimelekh wus seda, tumuli padha mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.

56. Mangkono anggone Gusti Allah malesake durakane Sang Abimelekh kang ditandukake marang ramane, yaiku anggone nyedani sadhereke pitung puluh.

57. Mangkono uga sakehing durakane wong ing Sikhem iya ditempuhake marang sirahe dhewe dening Gusti Allah. Kaya mangkono dadine ipat-ipate Sang Yotam bin Yerubaal kang tumanduk marang wong-wong mau.

Para Hakim 9