Para Hakim 8:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Wong Pnuel banjur dipangandikani uga: “Manawa aku bali slamet, menara iki bakal dakrubuhake.”

10. Nalika samana Prabu Zebah lan Prabu Salmuna iku padha ana ing Karkor kanthi balane watara limalas ewu, yaiku kekarening balane wong ing tanah wetan kabeh, dene kang wus padha tiwas satus rong puluh ewu kang padha asikep gegaman pedhang.

11. Sang Gidheon tumuli nglurug ngliwati jajahane wong kang padha manggon ana ing kemah, ing sawetane Nobah lan Yogbeha, banjur nggepuk wadya-bala iki, nalika wong-wong iku ngira wus padha slamet.

12. Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha keplajeng, nanging banjur dioyak, wekasan ratune wong Midian sakarone: Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha kapikut sarta balane dibuyarake.

13. Sawuse mangkono Sang Gidheon bin Yoas wangsul saka ing peperangan, tindake nglangkungi unggah-unggahan Heres;

14. ana bocah lanang pendhudhuking Sukot kang dicekel. Sawise didangu, nuli kadhawuhan nyatheti asmane para panggedhe ing Sukot lan para tuwa-tuwane kagem Sang Gidheon, kehe wong pitung puluh pitu.

15. Sang Gidheon banjur murugi wong ing Sukot, sarta ngandika: “Iki lho Zebah lan Salmuna, kang padha kokkandhakake kanthi pemada marang aku: Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kapurih nyukani roti dhateng para tiyang panjenengan ingkang sayah punika?”

16. Para tuwa-tuwane kutha tumuli padha diklumpukake banjur mundhut eri ara-ara samun lan rerungkudan, kagawe ngapokake wong ing Sukot.

17. Karomaneh menara ing Pnuel dirubuhake lan wong ing kutha kono padha dipateni.

18. Sawuse iku Sang Gidheon tumuli ngandika marang Prabu Zebah lan Prabu Salmuna: “Wonten ing pundi tiyang-tiyang ingkang sami panjenengan pejahi wonten ing redi Tabor?” Wangsulane: “Warninipun kados panjenengan, tindak-tandukipun kados putraning ratu.”

19. Pangandikane sang Gidheon: “Punika sami sadherek kula, anakipun biyung kula; demi Sang Yehuwah ingkang gesang, saupami punika sami panjenengan gesangi, panjenengan mesthi boten kula pejahi.”

20. Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putra pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.

21. Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.

Para Hakim 8