12. Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha keplajeng, nanging banjur dioyak, wekasan ratune wong Midian sakarone: Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha kapikut sarta balane dibuyarake.
13. Sawuse mangkono Sang Gidheon bin Yoas wangsul saka ing peperangan, tindake nglangkungi unggah-unggahan Heres;
14. ana bocah lanang pendhudhuking Sukot kang dicekel. Sawise didangu, nuli kadhawuhan nyatheti asmane para panggedhe ing Sukot lan para tuwa-tuwane kagem Sang Gidheon, kehe wong pitung puluh pitu.
15. Sang Gidheon banjur murugi wong ing Sukot, sarta ngandika: “Iki lho Zebah lan Salmuna, kang padha kokkandhakake kanthi pemada marang aku: Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kapurih nyukani roti dhateng para tiyang panjenengan ingkang sayah punika?”
16. Para tuwa-tuwane kutha tumuli padha diklumpukake banjur mundhut eri ara-ara samun lan rerungkudan, kagawe ngapokake wong ing Sukot.